Harmoni
Kebudayaan Jawa kuwe ngutamaken keseimbangan, keselarasan karo keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam karo makhluk urip) kudu harmonis, saling berdampingan, intine kabeh kudu cocog.Apa-apa sing marakna ora cocog kudu dihindari, angger ana sing bisa ngganggu keseimbangan kuwe kudu cepet digenahna ben kabeh mbalik harmoni maning, mbalik cocog maning.
Umum sing cokan ngganggu keseimbangan kuwe yakuwe polah menungsane, mbuh polah menungsa karo menungsa utawa menungsa karo alam. Angger polah menungsa karo alam, sing nggenahna maning umume dipimpin utawa dadi tanggungjawab pimpinan masyarakat.
Sing angel nang kebudayaan Jawa yakuwe angger keseimbangan kuwe diganggu polah menungsa karo menungsa sing umum nimbulaken konflik (harmoni keganggu). Sing jenenge ora cocog utawa ora seneng tuli umum ning merga arep ngindari konflik, umume rasa ora cocog kuwe dipendem.
Kelas Sosial
Nang masyarakat Jawa umume ana golongan-golongan sosiale, misal: golongan Priyayi karo rakyat biasa. Ana maning golongan Santri karo golongan Abangan. Kuwe juga keton sekang basa. Nang basa Jawa ana kelas utawa tingkatan-tingkatan sing bisa nggambaraken status sosial penuture.Basa Jawa
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
| Basa Jawa, Basa Jawi | |
|---|---|
| Dituturaken nang: | Jawa (Indonesia), Suriname, Kaledonia Baru |
| Cacah Penutur: | 80 - 100 yuta |
| Nang donya urutan ping: | 11 |
| Rumpun Basa Klasifikasi: | Austronesia Melayu-Polinesia Melayu-Polinesia Kulon Sundik Basa Jawa |
| Status Resmi | |
| Basa Resmi nang: | Hindhia-Walanda (Jawa) |
| Dijabel wiwit taun: | 1942 |
| Kodhe Basa | |
| ISO 639-1 | jv |
| ISO 639-2 | jav |
| SIL | JAN, JVN, JAS, OS, TES |
Basa Jawa dadi kontributor paling gedhe kanggo pengembangan Basa Indonesia. Sanajan dudu basa resmi nang pemerentahan, Basa Jawa kuwe duwe pengaruh ketimbang basa-basa liyane kayata nang kosakata karo istilah-istilah sing niasane cokan nganggo istilah Jawa.
Dialek-dialek Basa Jawa
Basa Jawa kuwe akeh banget cara pituturane. Ana dialek sosial sing dibagi miturut hirarkhi sekang kasar ngantek alus dadi :- ngoko
- madya
- krama
ana basa sing mligi digunakake kanggo keperluan resmi karaton
- bagongan dienggo nang kraton ngayogyakarta adiningrat
- kedhaton dienggo nang kraton surakarta adiningrat
- basa walikan (basa jawa prokem)
Saliyane kuwe, ana dialek sing didasarken tlatahe, dadi ora sekabehe dialek Jawa kuwe dimangarteni kabeh wong Jawa. Dialek-dialek kuwe miturut ahli basa : E.M. Uhlenbeck, 1964, neng bukune A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura, The Hague: Martinus Nijhoff, dikelompokaken dadi 3 (telu) rumpun yaiku :
- Rumpun basa Jawa kulon :
- Dialek Banten Lor (utawa Jawa Serang)
- Dialek Cirebon (Indramayu-Cirebon)
- Dialek Tegal (Brebes, Tegal ngantek Pemalang)
- Dialek Banyumas (Banjarnegara, Purbalingga, Cilacap, Kebumen karo Banyumas)
- Dialek Bumiayu (peralihan Tegalan karo Banyumasan)
- Rumpun basa Jawa Tengah :
- Dialek Pekalongan
- Dialek Semarangan
- Dialek Kedu
- Dialek Surakarta
- Dialek Yogyakarta
- Dialek Madiun
- Dialek Pantai Utara Timur (Jepara, Rembang, Kudus, Grobogan)
- Dialek Blora
- Rumpun basa Jawa wetanan :
- Dialek Tuban-Bojonegoro
- Dialek Surabaya
- Dialek Malang
- Dialek Lumajang
- Dialek Tengger
- Dialek Banyuwangi (utawa disebut Basa Osing)
web seni kaca www.cahayaseni.co.cc sopo sing arep tuku neng kene wae


