WONG JOWO

| |

Harmoni

Kebudayaan Jawa kuwe ngutamaken keseimbangan, keselarasan karo keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam karo makhluk urip) kudu harmonis, saling berdampingan, intine kabeh kudu cocog.
Apa-apa sing marakna ora cocog kudu dihindari, angger ana sing bisa ngganggu keseimbangan kuwe kudu cepet digenahna ben kabeh mbalik harmoni maning, mbalik cocog maning.
Umum sing cokan ngganggu keseimbangan kuwe yakuwe polah menungsane, mbuh polah menungsa karo menungsa utawa menungsa karo alam. Angger polah menungsa karo alam, sing nggenahna maning umume dipimpin utawa dadi tanggungjawab pimpinan masyarakat.
Sing angel nang kebudayaan Jawa yakuwe angger keseimbangan kuwe diganggu polah menungsa karo menungsa sing umum nimbulaken konflik (harmoni keganggu). Sing jenenge ora cocog utawa ora seneng tuli umum ning merga arep ngindari konflik, umume rasa ora cocog kuwe dipendem.

Kelas Sosial

Nang masyarakat Jawa umume ana golongan-golongan sosiale, misal: golongan Priyayi karo rakyat biasa. Ana maning golongan Santri karo golongan Abangan. Kuwe juga keton sekang basa. Nang basa Jawa ana kelas utawa tingkatan-tingkatan sing bisa nggambaraken status sosial penuture.


Basa Jawa

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Langsung menyang: navigasi, golèk
Basa Jawa, Basa Jawi
Dituturaken nang: Jawa (Indonesia), Suriname, Kaledonia Baru
Cacah Penutur: 80 - 100 yuta
Nang donya urutan ping: 11
Rumpun Basa
Klasifikasi:
Austronesia
 Melayu-Polinesia
  Melayu-Polinesia Kulon
   Sundik
    Basa Jawa
Status Resmi
Basa Resmi nang: Hindhia-Walanda (Jawa)
Dijabel wiwit taun: 1942
Kodhe Basa
ISO 639-1 jv
ISO 639-2 jav
SIL JAN, JVN, JAS, OS, TES
Basa Jawa kuwe kegolong basa Austronesia, utawa basa-basa sing dienggo sekabehe bangsa Pribumi nang kapulowan sakidul-wetaning benua Asia. Basa Jawa kasebar molai pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wetan Banyuwangi. Seliyane kuwe, Basa kiye kasebar nang Walanda, Suriname, Curacao karo nang Kaledonia Baru. Seliyane kuwe Basa Jawa uga dituturaken nang Malaysia, Sumatera ngantek Irian Jaya.
Basa Jawa dadi kontributor paling gedhe kanggo pengembangan Basa Indonesia. Sanajan dudu basa resmi nang pemerentahan, Basa Jawa kuwe duwe pengaruh ketimbang basa-basa liyane kayata nang kosakata karo istilah-istilah sing niasane cokan nganggo istilah Jawa.

Dialek-dialek Basa Jawa

Basa Jawa kuwe akeh banget cara pituturane. Ana dialek sosial sing dibagi miturut hirarkhi sekang kasar ngantek alus dadi :
  • ngoko
  • madya
  • krama
Dumuken Basa Jawa Ngoko - Basa Inggris kiye, ialah sethithik terjemahan sekang Basa Jawa Ngoko Andhap ming Basa Inggris.
ana basa sing mligi digunakake kanggo keperluan resmi karaton
  • bagongan dienggo nang kraton ngayogyakarta adiningrat
  • kedhaton dienggo nang kraton surakarta adiningrat
  • basa walikan (basa jawa prokem)
Kiye basa sing diganti aksara konsonane miturut urutan HONOCOROKO. contone : DAGADU ( artine matamu), JAPE METHE (artine cahe dewek), lsp.
Saliyane kuwe, ana dialek sing didasarken tlatahe, dadi ora sekabehe dialek Jawa kuwe dimangarteni kabeh wong Jawa. Dialek-dialek kuwe miturut ahli basa : E.M. Uhlenbeck, 1964, neng bukune A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura, The Hague: Martinus Nijhoff, dikelompokaken dadi 3 (telu) rumpun yaiku :
Kelompok nang nduwur kuwe biasa diarani basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.
Kelompok nang nduwur kuwe biasa diarani basa Jawa baku.
Kelompok nang nduwur kuwe biasa diarani basa Jawa Timuran.
web seni kaca www.cahayaseni.co.cc sopo sing arep tuku neng kene wae

[

0 komentar:

Posting Komentar